Minangka purwakaning atur monggo kitosesarengan
ngunjukaken syukur dateng ngarso dalem Allah, awit peparing kanugrahan lan
nikmat ingkang tanpo kawical wical, langkung langkung rahmat kawilujengan lan
yuswa panjang dateng kito sedoyo , sahingga siang punika kita tasih saget makempal wonten ing masjid
punika kanti tanpo manggih rubeda satunggal punopo.
Saklajengipun keparengan kulo ngajak dateng awak kula
piyambak lan panjenengan sedoyo, monggo tansah sami netepi taqwa lan ajrih
dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah
utawi susah, longgar
jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi
sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedoyo
cegah lan awisanipun Allah, supados kito tansah pinaringan kabegjan dunya
ngantos akhirat... Amiiin...